Bahasa Jawa (X)

Cerita Wayang

1. Purwaka Pasinaon

Wayang iku asale saka tembung Ma-Hyang kang ateges tumuju marang Dewa utawa Gusti Kang Maha
Tunggal. Ana kang nagndharake wayang ateges bayangan/wewayangan, bab iki kanthi lelandhesan
wayang iku gegambaraning urip manungsa. Wayang dadi simbul uripe masarakat Jawa kang dituduhake
liwat basal an sarana kanggo nemoake sejatining urip nuju marng Sang Hyang Dumadi. Mila kita kudu
ngaturake syukur marang Gusti Kang Murbengrat amarga wis maringi sawijining kabudayan kang bisa
dadi tuntunan supaya tumindak bener ora nalisisr saka dhawuhing Gusti.
Crita wayang kang gumelar ing tlatah Jawa mligine, asumber saka Mahabharata lan Ramayana,
nanging ora winates ing pakem wae, crita bisa uga nglakonake crita carangan (gubahan). Wayang dadi
salah sijining asil karya budaya kang wus mbalung sungsum ing Indonesia. Wayang banjur ngalami owah￾owahan nalika Islam ngrasuk ing Nuswantara. Para Wali uga nggunakake wayang minangka sarana
dakwah marang masarakat. Amarga kuwi, wayang banjur owah wujud wadhage. Islam uga duweni
pengaruh kang gedhe liwat karya sastra kang dadi lambaraning crita pakeliran.
Mligine wayang kulit wis dilakoni dening UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan
duweke asli Indonesia ditetepake tanggal 7 November 2003. Wayang kulit ditetepkae minangka warisan
kang endah lan berharga (Masterpiece of Oral and Intagible Heritage of Humanity).
Wayang kawengku dening dhalang. Kawitan nganti tekan pungkasan crita dipangarsani dening
dhalang. Ing babagan terminology bahasa Jawa, dhalang asale saka tembung ngudhal piwulang. Ngudhal
tegese nyebarake/ngandharake lan piwulang tegese ajaran, pitutur, wulangan, ngelmu, lan sapiturute. Dadi
dununge dalang ing pagelaran wayang iku ora mung ngandharake tontonan, nanging uga ndhudhah
tuntunan. Mula saka iku, saliyane prigel ngenani teknik pagelaran, dhalang uga kudu duwe seserepan
utawa ngelmu lan bisa menehi pamawas kang trep. Mula saka iku pagelaran wayang iku uga ngemot tata
laku kang utama.

2. Pangertene Wayang

Wayang, yaiku sawijining wujud seni pagelaran kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot
sajroning pagelaran iki, yaiku seni swara, seni sastra, seni music, seni tutur, lan seni lukis. Dene ana
sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pagelaran wayang ora mung kesenian, nanging ngemot
pralambang. Saora-orane wiwid abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan
didiskripsekake dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa karaton, ana wayang golek kang kagawe
saka kayu, wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar
ana kertas utawa kulit, lan sapiturute. Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabharata, crita-crita menak,
crita panji, syair-syair satriya (kepahlawanan) utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa
anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake
dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk samnbutan kang apik saka masarakat,
mula ing jaman sateruse ketok akeh patembayan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh
museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang
minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prakara, pihak utawa
klompok kang ora cocok, beda antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar. Pandhawa lan
Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi
sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iki duwe struktur formal. Struktur kuwi kadadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut
antarane siji lan sijine. Unsur-unsure, yaiku paraga, watak, alur, tema, latar, lakon, pesen/pitutur kang
kamot ing sajroning crita wayang.

Paraga panyengkuyung lan Piranti pagelaran wayang:Paraga panyengkuyung:

  • Dhalang yaiku paraga kang nglakokake lakuning pagelaran wayag
  • Pesinden/waranggana yaiku paraga sing ngrengga iramaning gamelan
  • Niyaga/Pangrawit yaiku paraga sing nabuh gamelan anut larasing gendhing

Piranti Panggelaran Wayang


















Unsur Crita Wayang

    Unsur-unsur crita wayang sami kaliyan unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, paraga, penokohan, 
latar/setting, alur, punjering crita, congkrah/konflik, lan nilai/amanat.
a. Tema
Tema yaiku minangka ide pokok utawa masalah utama kang ndhasari/underane lakuning crita. 
Tuladha tema: pendidikan, bebrayan, kamanungsan, kabudayan, kasusilam, kasmaran/kekareman, 
sesrawungan, kekancan, kritik sosial, kasarasan, perjuangan, lsp
b. Paraga
Pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake
c. Punjering crita
Punjering crita yaiku tembung sesulih kang digunakake pangrakit kangge ngambarake paraga ing 
sajroning crita. Jinising punjering crita:
- Sudut pangdang wong kapisan: paraga utama kang dicritakake migunakake tembung sesulih wong 
kapisan. Tuladha: Aku, kula lsp
- Sudut pandang wong katelu: paraga utama kang dicritakake megunakake tembung sesulih wong 
katelu. Tuladha: jenenge wong
d. Penokohan/Watak watek
penokohan yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. watek bisa dingerteni karaktere saka 
tumindake, ciri fisike, lingkungane, lsp.
Carane penulis utawa panganggit nerangake watak wantune para paraga:
- Teknik Analitik: wewateg paraga dijlentrehake langsung
- Teknik Dramatik: Wewatege digambarake adhedhasar bab fisik lan tindak-tanduke, lingkungane, 
tata basane, dalan pikirane, lan dening paraga liyane.
e. Latar/setting
Minangka latar belakang kang mbiyantu cethaning laku crita. Jinising latar enten tiga, yaiku latar 
wektu, latar papan/panggonan, lan latar swasana
f. Konflik/congkrah
Prakara/cecongkrah kang dados punjering crita. Konflik kaperang dados kalih, yaiku konflik batin 
lan konflik lair/fisik.
g. Alur
Urutaning kadadean ing crita saka wiwitan nganti pungkasan. Jinising alur wonten 3, yaiku:
- Alur maju (progresif), lakune crita maju. Tegese crita diwiwiti saka mula bukane prastawa nganti 
sarampunge, utawa crita wiwitane biyen nganti rampunge prastawa
- Alur mundur (flash back progresif), lakune crita mundur, tegese dicritakake dhisik banjur 
dicritakake mula bukane biyen 
- Alur campuran/alur maju lan mundur. Tegese prastawane dicritakake gilir gumanti biyen lan 
saiki. 

Perangane alur:

1) Pangenalan, isine nepungake utawa ngenalake para tokoh, nata adhegan, lan hubungan 
paragane.
2) Panjlentrehan kadadean, isine kadadean wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para 
paragane 
3) Nuju ing congkrah/konflik, isine perkara kang dialami dening paraga saya mundhak utawa 
njalari dredah.
4) Pucuking konflik, isine bab nasibe para paraga detemtokake (kasil apa ora ngadhepi prakara)
5) Rerampungan, isine bab nasib-nasib kang dialami para paragane wis cetha utawa uga bisa 
diarani rampung. 
h. Nilai/amanat
Ajaran utawa pesen kang bakal diandharake utawa dijlentrehake panganggit ing sajroning crita
kanggo pamaca. Pitutur bisa kajlentrehake langsung utawa sinandi ing sajroning crita.

Nilai-nilai umum kang kamot ing sajroning crita Wayang

a. Tanggap ing sasmita/empati
Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhane, marang 
pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa 
dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan wong liya supaya mangun urip kang tentrem lan 
ayem.
b. Jujur
Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi. Kala mangsane 
jujur iku gampang diucapake nanging angel dilakoni. Ana parikan “Gedhang wohing pakel,ngomonge gampang nglakoni angel.” Ana wae sikep jujur iku dumunung ing ati sanubarine 
manungsa, sanajan takerane ora padha. Mula ing pewayangan/pakeliran mesthi ana paraga kang duwe 
sipat ala. Sanajan akeh becike nanging uga ana alane. Iki nuduhake dene manungsa iku titah kang ora 
sampurna. Iki kawujud ing paraga Yudhistira kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat 
jujur kang luwih saka titahe.
c. Mad Sinamadan/saling menghargai
Panguripan iki bakal karasa tentrem yen tinanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi 
sepuh, lan kosok baleen. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing masarakat bisa rukun, ora 
nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan 
gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita Durna maju ing Bharatayuda, oara ana Pandhawa kang 
wani ngadepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa.
d. Tanggung jawab
Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung jawab kang gedhe. 
Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol marang titah liyane. Kanthi sikep bisa 
njaga tanggung jawab iki, manungsa ora bakal tumindak wedi nalika sesrawungan. Wong kang 
duweni tanggung jawab ora bakal tumindak sakarepe dhewe, ananging anggone tumindhak tansah 
dirasa kanthi temenan. Bab iki kawujud saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing 
Angin kan tundhone ora cetho papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab, apa kang 
dumadi bakal dilakoni. 
e. Keadilan
Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku kaya dene 
jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae kang dadi pepalange lan 
mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan sedulur utawa waris, utawa wong kang 
duwe pangkat.
f. Ngabdi Mring Negara/Nasionalisme
Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang Negara, amarga kanthi mangkono bisa mangun 
lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglestarekake, alam sakiwa tengene. Amarga sapa kang 
tumindhak migunani marang liyan bakal gawe kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing 
crita wayang ana sawijiing crita kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden 
Kumbakarna kang gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure.

Nilai-nilai umum kasebut saged dikelompokke dados sekawan yaiku:

a. Nilai Pendidikan Agama/Religi
Wong-wong ing padesan rikala jaman kang kepungkur katon duwe rasa religius kang apik lan katitik 
manawa akeh masyarakat kang nindakake upacara-upacara sesambungane karo agama utawa ritual 
upacara tradhisi para leluhure, arupa slametan, bersih desa, aweh sesajen marang roh-roh leluhur kang 
wus sumare. Ana uga sarana donga kanggo nyuwun udan marang Gusti Kang Maha Kuwasa rikala 
mangsa ketiga. Religi utawa kepercayan ngemu kayakinane manungsa kang tumuju marang sifat-sifat 
sang pencipta, babagan alam gaib, sakabehing nilai, norma sarta ajaran religi. Tatacara ritual lan 
upacara iku minangka pangrekadayane manungsa kanggo mangerteni Gusti Allah, dewa-dewa, utawa 
makhluk-makhluk alus kang urip ing ngalam gaib.
b. Nilai Pendidikan Moral
Para paraga ing sajrone crita duwe moral kang apik lan duwe pamawas marang sifat kang ala lan 
becik, senajan kadhangkala uga asifat relatif. Nilai moral minangka kaca brenggalane kayakinane 
pangripta kang ditulis marang para maos. Moral minangka sarana kanggo nuduhake marang para 
ingkang maos ngenani panguripan, subasita, tata pasrawungan antarane paraga siji lan sijine. Moral 
mesthi ngenani subasitaning manungsa, kang apik lan kang ala, kang tumuju ing budi pekerti supaya 
tumanem lan bisa dadi sarana kanggo mujudake kapribadening para ingkang maos.
c. Nilai Pendidikan Adat / Tradhisi Adat
Tradhisi tegese tatacaraning urip kang wus dadi tumindak saben dina sarta turun-tumurun ing 
sajroning masyarakat. Tatacara urip utawa paugeraning ngaurip kang anglimputi adat istiadat, tradisi,keyakinan, pandanganing ngaurip, cara mikir lan kalebu perangan spiritual. Uga ana sesambungane  karo status sosial para paragane. Tatacara gotong-royong, katindakake amarga saben uwong uga  butuh srawung marang wong liya. Sakabehe asil karyaning manungsa kuwi katindakake kanthi sarana  sesrawungan marang wong liya. Tindak-tanduking manungsa duwe sifat kang apik. Ing sajroning  tradisi ngemu kearifan kang akeh banget cacahe. Globalisasi dudu sawijining cara kang ngajarake  kabeh kudu anyar, ananging melu nglestarekake warisan para leluhur uga kalebu pakaryan kang apik.  Globalisasi kudu digawe kanggo sarana nuwuhake rasa andarbeni marang kabudayane dhewe. 
d. Nilai Pendidikan Kepahlawanan
Pahlawan bisa sinebut minangka wong kang wani ngurbanake jiwa raga, arta barana kanggo ambelani 
negarane. Saka tembung pahlawan tuwuh sifat kang duwe rasa wani marang sapa wae wong kang 
bakal angrusak nagara, nusa, lan bangsane. Warga negara kudu bisa ambela marang nusa bangsane. 
Pahlawan duwe rasa andarbeni, duwe lan kudu ambela kanthi wutahing rah kang pungkasan. Babagan 
bela negari, rasa duwe bangsa uga sinebutake ing karya sastra. Kang biasane cedhak karo tokoh utawa 
paraga ing cerita. Tetiyang utawa paraga kang ana ing sajrone cerita dadi gul-aguling masyarakat, 
ananging uga ana kang ora disenengi dening masyarakat. Paraga ing karya sastra umume duwe sifat￾sifat kang sae, ambelani kang bener, rasa kanggo amedharake sing apik lan sing ala isih dhuwur. 
Kosokwangsule manawa ana tokoh kang ora disenengi uga duwe watak kang asor lan kurang apik.

Paraga Wayang

    Paraga wayang Mahabharata: Pandhawa, Kurawa, Setyaki, Sengkuni, Durna, Bisma, Kunthi, 
Karna, lan sapiturute. Paraga wayang Ramayana: Rama wijaya, Lesmana, Sinta, Anoman, Dasamuka, 
Kumbakarna, Wibisana, Sugriwa, lan sapiturute



































Bima Bungkus
    Jejer ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunthi jalaran lahire ponang jabang bayi
kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah Bungkus. Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah Bungkus, sandyan amung lelamisan, bakune rasa nyirnakake si Bungkus.
Wisiking dewa sang Bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu,
Begawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kados pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten
wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe
kakangmu Si bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…."
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra Sang Batara kang awujud gajah, kinen
mecah Si Bungkus saengga dadai sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen
nggladhi kawruh babagan kautaman marang Si Bungkus.
Purna anggene peparing kawruh marang si Bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa
cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
Salajengipun, Gajah Sena mbuka Bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemonan
kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting Sang Gajahsena. Sirna jasad sang Gajah. Roh
lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang Bungkus.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sapa?”
“Perkencong, perkencong warung doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing
Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lair awujud bungkus, lan kersaning Dewa sira kudu dadi
satriya utama…., lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen
nyirnakaken raja raksesa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu. Para
Raseksa sirna. Sekawan kekiyatan saking raksesi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih
punika kekiatan Geni, Lemah, Bayu (angin), lan Banyu.

Pandhawa lan Kurawa Maguru Durna

Pandhawa lan Kurawa Maguru Durna
    Sawise pandhawa lan kurawa maguru marang Begawan Krepa, sabanjure maguru
marang Begawan Durna (dulur ipene Krepa). Caritane mangkene, Begawan Durna iku putrane
Resi Baratwaja. Sawijineng wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju
menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra (Drupada), kang saiki
jumeneng nata ing Pancala. Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih
Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal
nemoni sedulur ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandhawa lan
Kurawa kang lagi dolanan (ing jaman saiki diarani bal-balan). Ndilalah bal mau kecegur
sumur, lan ora ana kang wani jupuk. Kanthi pitulungane Durna, bal bisa dijupuk migunakake
jemparing kang digawe saka alang-alang. Pandhawa lan Kurawa padha kagyat lan nglembana
kasektene Durna. Prastawa mau banjur diaturke Bisma. Bisma seneng banget jalaran pancen
lagi golek guru kang linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandhawa
lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.
Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wis pinter ora kena nulak
kabeh marang pamundhute sang Durna. Amung Arjuna sik semaur nyaguhi. Sawetara wektu,
Pandhawa lan Kurawa wis padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab
kang sinardi, Bima lan Duryudana prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel
ngginakaken pedhang. Yudhistira prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing
gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel jemparing. Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima
tandhing yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karno, sanyatane kabeh padha
digdayane.
Sawijining dina, Durna kepengin males lara atine marang Sucitra (Drupada) kang rikala
semana gawe serikatine. Kabeh satriyo diklumpukake, supaya ngrangket Sucitra minangka
tandha bektine marang Guru (Durna). Kurawa dhisiski nyerang nanging dikalahke, banjur
Pandhawa nyerang, wusanane Sucitra bisa dirangket urip dening Arjuna. Sabanjure
dipasrahake marang Durna. Gandeng Sucitra kalah, Nagara Pancala sik sisih lor dijaluk Durna,
dene sisih kidul diprenah Sucitra.

Aksara Jawa 





Komentar

Postingan Populer